• Selamat datang di Masjid Al Barokah Pucung Kidul Kecamatan Kroya Kabupaten Cilacap Jawa Tengah 53282 MAMUSDA tautan
Selasa, 13 Oktober 2026

Khotbah Jumat

Khotbah Jumat
Bagikan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ الإِنْسَانَ مِنْ طِينٍ وَأَمَرَهُ بِالتَّعْمِيرِ فِي الْأَرْضِ لا إلَهَ إِلَّا هُوَ لَهُ الْحَمْدُ وَهُوَ يُحي وَيُمِيتُ وَاَسْتَغْفِرُهُ. وَاشْهَدُ اَنْ لا إله إِلَّا اللهُ وَاشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا رَسُولُ اللَّهِ . اَللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ ومن تبعهم الى يوم الدينامَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا المُسلِمُونَ. اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى ولا تموتن الا وانتم مسلمون . قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ : أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ . صَدَقَ اللهُ العظيم

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah Sebab, menungso gesang wonten dunyo meniko mboten saget tebih saking tumindak maksiyat, amargi menungso sampun dipun titahaken kaliyan Gusti Allah dados makhluk ingkang nggadah luput, ino, lemah. Sinaoso mekaten, ikhtiar nebihi perkawis ingkang nyebabi duso kedah estu dilaksanakaken. Gusti Allah sampun dawuh:

وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ

Artosipun: Lan pada tinggalno sakabehane tindakan duso, ingkang dzohir lan batin. Saktemene wong kang ninda’ake tumindak duso, niku sesok wonten dinten kiyamat bakal pikantuk walesan sebab tindakan duso ingkang dipun lampahi (surah al An’am 120)

Dawuhipun Gusti Allah meniko ngimutake kita sedoyo bilih sejatine duso ingkang dumawah dateng manungso wonten kalih. Kekalihipun sami bahayani lan wajib ditebihi. Inggih meniko: dusa dzohir ingkang ketingal lan duso batin ingkang mboten ketingal. Kekalihipun kedah dipun tebihi.Hadirin Ingkang Sami MinulyoKedah kito pahami bilih maksudipun duso dzohir meniko tegese duso ingkang ketingal mripat, wujude jelas, saget dipun pirsane kaliyan peningal utawi dipun mirengaken kaliyan kuping. Contohe, omben-omben ingkang mendemi, ngelampahi judi, zina, misuhi lan sak pitunggalane.Lajeng maksude duso batin meniko duso ingkang wujude mboten ketingal mripat, kados sombong, ujub, riya, ghibah, adu-adu, iri, dengki lan sedoyo kemaksiatan ingkang wonten lebete ati ingkang samar, mboten saget dipun tingali mripat. Tindakan ingkang nukulaken duso meniko kedah dipun tebihi, dipun resiki, sebab saget ngalangi rejeki lan keberkahane sinten kimawon. Kanjeng Nabi dawuh:

إِنَّ الْعَبْدَ لَيُحْرَمُ الرِّزْقَ بِالذَّنْبِ يُصِيبُهُ

Saktemene kawulo iku kinalingan rejekine sebab duso ingkang dipun lampahi (HR Ahmad)Tegese duso ingkang numpuk wonten awak dewe niku kedah dipun resiki kaliyan maos istighfar, taubat, lan janji mboten ngulangi maleh, sebab duso niku saget nyebabaken rejeki mampet, seret.Hadirin ingkang minulyoKito gesang ing dunyo meniko, sadar bilih tasih katah sederek kito ingkang dereng saget mareni perkawis maksiat. Bahkan ingkang pertelo sanget, katah sederek ingkang tasih numpuk duso batin kados takabbur, rasan-rasan, pamer, omong goroh, lan iri dengki.Leres sanget menawi poro ulama sami ndawuhaken bilih duso batin meniko langkung angel kita tebihi ketimbang dusa dzohir. Sinaoso mekaten kekalihipun penting sanget dipun resiki, duso alit utawi ageng kedah dipun bersihaken. Kito kedah imut kaliyan dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad:

أَلَا إِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ؛ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ

Artosipun: Weruho siro kabeh sak temene ono ing jerone jasad iku ono getih sak kempel, naliko getih iku bagus, mongko bakal bagus sekabehe jasad, naliko getih itu olo mongko dadi olo sekabehe jasad. Ngertiyo bilih getih sak kempel iku ingkang di arani ati.Hadis meniko mertelaaken bilih ingkang ndadosaken tiyang sae utawi rusak meniko asale saking ati ingkang ketutup kaliyan tindak lampah maksiyat utawi duso. Naliko ati rusak, otomatis jasad nggih inggal rusak. Estu kito kedah cancut taliwondo ngresiki duso awit saur ngantos buko, daharan, lelampahan, ugi guneman kedah dipun jogo. Ampun ngantos kito remen numpuk duso batin utawi dusone ati, sebab duso ing jerone ati niku alus lan samar, sehinggo katah ingkang kejlumprung ing jurang neroko sebab duso batin.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ الآيَات وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُKhutbah II:اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِعِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

SebelumnyaTidak ada yang wajib di ibadahi dengan hak kecuali Allah SWT
Masjid Al BAROKAH
Jl. Jend. Gatot Subroto, Sidamurti,Pucung Kidul, Kec.Kroya, Kabupaten Cilacap, Jawa Tengah 53282
Luas Area100 m2
Luas Bangunan90 m2
Status LokasiWakaf
Tahun Berdiri2015